Thursday, March 26, 2015

Jenis-Jenis Wacana Bahasa Jawa Lengkap

Wacana Bahasa Jawa

Jenis - Jenis Wacana Bahasa Jawa Lengkap. Wacana Basa Jawa ana lima. Naratif, Deskriptif, Eksposisi, Argumentasi lan Persuasi. Kalimat Basa Jawa.


1. NARATIF (NYRITAKAKE)

Wacana naratif yaiku wacana kang mbudidaya nyritakake prastawa utawa kedadeyan kaya-kaya wong kang maca nyekseni dhewe utawa ngalami dhewe prastawa mau. Utawa wacana kang nyritakake kanthi cetha rerangkening tumindak ing sajroning prastawa, kang winates ing sajroning wektu.

Wacana narasi ana werna loro :

Narasi ekspositoris = wacana kang mung menehi katrangan lugu / apa anane. Upamane : Siswa nyritakake kedadeyan ing njero kelas nalika piwulang Basa Jawa. Utawa : Jeksa nyritakake kedadeyan rajapati ing pengadilan.
b. Narasi sugestif = wacana kang ngracik kanthi runtut nganti bisa nggugah pangangen-angene wong kang maca. Tuladha :Dongeng (Abu Nawas), Roman, Novel, Cerkak, lsp.

BEDANE:



NARASI EKSPOSITORIS
NARASI SUGESTIF
Njembarke wawasan / pangerten
Mbeberke makna    kang sinandi
Mbeberke katrangan bab prastawa
Nguripke pangangen-angen (imajinasi)
Adhedhasar nalar supaya padha sarujuk
Nalar mung kanggo          nggayuh surasa (makna), yen perlu          nalar dilirwakkke.
Basa informatif, tembunge denotatif
Basa figuratif, tembunge konotatif


2. DESKRIPTIF (NGAMBARAKE)
Yaiku wacana kang nggambarke kanthi cetha salah sawijining kahanan (obyek), obyek mau kaya-kaya ana ngarepe wong kang maca.

3. EKSPOSISI (NYRITAKAKE PROSES)
Sajroning wacana eksposisi dibeberake anane analisa proses nganggo cara narasi. Narasi kang mangkono mau diarani narasi ekspositoris / narasi teknis, awit ancas kang tinuju titise katrangan ngenani sawijining prastawa kang dibeberke. Dadi ancase padha karo eksposisi yaiku njembarake pangertene uwong.
Tuladha : Carane gawe sabuk kulit, Tas kulit, lsp.

4. ARGUMENTASI (PANEMU)
Yaiku wacana kang mbudidaya kanggo ngowahi penemune wong liya, supaya percaya lan wusanane tumindak jumbuh karo kang dikarepake penulis / kang ngomong.

5. PERSUASI
Persuasi karo argumentasi meh padha, awit padha-padha mbudidaya supaya percaya antarane siji lan sijine kang lagi rembugan.
Nanging satemene ana bedane yaiku :

ARGUMENTASI
PERSUASI
Mbudidaya mbeberke buktiyen panemune kang nulis / celathu iku bener.
Mbudidaya supaya pada sarujuk
Proses tumuju kesimpulan.
Proses supaya wong percaya lan bisanampa apa kang dikarepaake kang nulis / celathu.
Kahanan rangu-rangu / dredah bab kang dianggep bener.
Tansah ngendhani dredah.


Judul : Jenis-Jenis Wacana Bahasa Jawa Lengkap
Url : http://www.goestiqball.com/2015/03/jenis-jenis-wacana-bahasa-jawa-lengkap.html

Artikel Terkait

Berkomentarlah dengan bijak :)
[-] Jangan melakukan spamming
[-] Tidak menerima URL
EmoticonEmoticon